Basa Musi

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Musi
Dituturaké ing Indonésia
Wilayah Udik kali Musi nganti bukit Barisan, Musi Banyuasin, Musi Rawas, Sumatra Kidul
Gunggung panutur 3,105,000 (taun 2000)
Rumpun basa Melayu-Polinésia
Kodhe basa
ISO 639-1 -
ISO 639-2 -
ISO 639-3 mui

Basa Musi atawa basa Sekayu dituturaké déning wong kang manggon ing laladan Musi Banyuasin, Sumatra Kidul. Basa iki kalebu kulawarga basa Malayik[1][2]. Miturut narasumber, aran liyan basa iki ya iku basa Sekayu, sing ngemu teges ya iku Sri Ayu, dhèwèké raja ing laladan Musi Banyuasin ing jaman mbiyén. Lan aran Musi iki dijupuk saka kali kang mili ing Musi Banyuasin. Miturut cacahé naraguna, istilah Sekayu luwih sethithik tinimbang Musi, uga Musi lewih jembar daérahé, amarga iku luwih becik nganggo aran Musi baé. Wewengkon naraguna basa Musi amba temen ya iku ing Kabupatén Musi Banyuasin lan Musi Rawas. Induk basa Musi ana ing Musi Banyuasin kang Kutha krajanné ing Sekayu. Cacah panyatur basa Musi akéhé 361.798 wong.

  1. Gani, Zainal Abidin (1981). Struktur Bahasa Musi. Jakarta: Pusat Pembinaan Dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan.
  2. "Musi". Ethnologue.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search